Album
Kangen

Artis
Evie Tamala

Penata Musik
Manthou’s

Produksi
MSC Records

Tahun
1993




Daftar lagu

Side A
Kangen, cipt. Manthou’s
Gaplek Opo Thiwul, cipt. Manthou’s
Konco Tani, cipt. Manthou’s
Anake Pak De, cipt. Dipo/Manthou’s
Lho Kok Nekad, cipt. Alex H

Side B
Rasakno, cipt. Is Haryanto
E Cacake, cipt. E Larso
Ojo Nglamun, cipt. Manthou’s
Mudo Mudi, cipt. E Larso
Gendulak Gendulik, cipt. Manthou’s


Orang Sunda nyanyi lagu Jawa? Begitulah pertanyaan yang muncul ketika Evie Tamala mengeluarkan album pop Jawa untuk pertama kalinya. Tapi, setelah mendengarkan lagu-lagu dalam album ini, saya merasa surprice dengan kelihaian Evie Tamala membawakan karya-karya Manthou’s, seniman campursari yang sudah kondang itu. Hasilnya cukup membanggakan, album Kangen mampu mendapat sambutan yang baik dari masyarakat.

Dalam album ini, ada satu lagu yang sejak mendengar untuk pertama kalinya saya langsung tertarik, yaitu Konco Tani. Entah syairnya yang memang bagus, atau cara Evie Tamala membawakannya yang begitu pas.





Syair Lagu

Kangen, cipt. Manthou’s

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati. Rino wengi mung tansah tak impi-impi, jroning ati kangenku setengah mati.
Jenang gulo yo mas yo mbok ojo lali, ngelingono rikolo jaman semono. Sliramu janji aku sedyo ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati.
*Kangen…Wong kangen ngene rasane. Rindu ni ye.. Rindu rindu wong bagus kowe tak tunggu
Kangen…Wong kangen opo tambane. Rindu rindu tambane kudu ketemu
Klopo mudo enake kanggo rujakan, leganono aku kang nandang kasmaran. Mbalung janur wong bagus tak anti anti, Ngusadani wong kangen ndang antuk jampi.



Gaplek Opo Thiwul, cipt. Manthou’s

Njanur gunung Mas kok njanur gunung, kadingaren Mas kok nglamun wae. Malem minggu pantese seneng atine, mesti wae wakuncar koyo sabene.
Jeruk purut Mas dicampur gulo, prengat prengut Mas mikiri opo. Kemangi Mas, dipundung klopo, kadung janji jebul ra biso teko.
*Gaplek… ( aku pilih gaplek tiwul dik) Thiwul.… ( pilih gaplek opo tiwul ). Yen lagi bokek Mas, ora biso ngebul.
Gaplek… ( aku pilih gaplek tiwul dik ) Thiwul… ( pilih gaplek opo tiwul ) Duit entek pacar digondol bajul.
Sama juga, sami mawon, wis kadung rusak sido ora kelakon.


Konco Tani, cipt. Manthou’s

E..e.e...po senenge konco tani yen nyawang tandurane. Nyambut gawe awak sayah seneng atine.
Parine lemu-lemu, polowijo lan ugo sakwernane. Katon subur kabeh tuwuh kan sarwo tinandur.
*Panyuwunku tinebehno saking sambikolo.
Sihing gusti mugi-mugi lestari widodo.
Sayuk rukun rame-rame, gotong royong kang dadi semboyane. Konco tani yekti soko guru tumrap negarane.


Anake Pak De, cipt. Dipo/Manthou’s

E..sopo kae sing liwat neng ngarep omahku. Yen tak sawang sawang koyo wis tau ketemu.
Nganggo klambi biru mlakune lugu ra neko-neko. Sinawang prasojo gawe getering atiku.
La…la…la…la…la…la…la..la..la…la…
*Aduh baguse koyo raden permadi. Aduh eseme biso nyengsemke ati.
E…jebul anake pak de. E…jebul sedulur dewe.
E…jebul anake pak de. E…jebul sedulur dewe


Lho Kok Nekad, cipt. Alex H

Yen dipikir aduh duh wong kudu guyub. Ngrungokake wong lanang lagi bebedo. Opo tumon mripatku yen tangi rino. Yen aku nesu jare manis koyo madu.
Tak kandani yo mas yo aku tak crito. Malem minggu critane diajak nonton. Lambeku lecet mas
( wah dikapake kuwi? Opo di…. )
( Ngawur ! )
Tombo ngantuk mangan kwaci sak kemenge
( O…..mangan kwaci tho? )
( mangan kwaci thok ora ngumbe, kecut )
*Duh aduh bapak kok koyo ngene, lambeku sing manis perih rasane.
Piye mas piye mas iki kepiye?
( Lah piye, naksir ra? )
( Ga ruh! Ga ruh! )
( Halah padune nakser wae )
Tak tinggal mlayu, loh kok ora nesu.
( lah wong naksir kok kon nesu )
( lah mbuh malah ngawur )
( lah nek ra ngawur ora oleh kok ora entuk prawane yo randane tho )
( lah mbuh malah nekad! )


Rasakno, cipt. Is Haryanto

Kepengen nduwe bojo nurutan, koyo kae wong lanang ngarep ndalan. Wedoke galak seneng ngegetak, meh kabeh ra tau kebeneran.
Sih esuk si nyonya wis dandan, si bojo isih nyapu pekarangan. Bangga karepe iso nakluke, mbatinku rasakno piwalese.
*Yen si nyonya ngetan nde’e melu ngetan, koyo kebo ditaleni irunge.
Kepengin aku takon yen nyonya nyebur sumur, po de’e yo melu nyebur sumur.
( byur! byur! byur! )
Sajake suwe-suwe yo ra kuat. Neng meneng wiwit nggolek siasat. Rondo jejere ayu rupane, ndilalah nduwe roso mesakke.
Sih esuk si nyonya wira wiri, bojone ra kenek di goleki. Takon tanggane pedes wangsulane, mbe’ rondo mbuh nyang ngendi lungane.


E Cacake, cipt. E Larso

E…cacake, cacake manis eseme. Duh kumise, kumise tipis nyenengke. Merak ati solahi, dasar bagus rupane. Yen sinawang kok sarwo anyengsemake.
E…la elo, manuk glatik jejer loro. E…la elo, cacake klambine ijo. Mlebu metu neng toko, pasang aksi neng kono. Oleh kenalan rondo anake loro.
*E..cacake ngajak melbu restoran, lagake koyo juragan. Ngrogoh kantong jebul kosong glondangan, tanggung bulan durung gajian.
E…eloke,eloke montor montore mabur. E…tujune, tujune durung kebanjur. Bingung banget atine, sido wurung karepe. Pamit mulih weteng mules alesane


Ojo Nglamun, cipt. Manthou’s

Yen mangan timun ojo dicampur uyah. Ojo seneng ngalmun pikiran dadi susah. Ngelantur pikire kepengin dadi wong sugih. Sugih dunyo brono nanging ra gelem rekoso.
Yen mangan timun ojo dicampur gulo. Mas tangeh lamun rejeki gelem teko. Jo nglamun yo mas yo, yen nglamun dadine olo. Yen cupet nalare njur milik darbe’e liyo.
*Gede duwur klambine anyar, lah wong nganggur njaluk dibayar.
Ojo ngawur yo mas yo, ojo ngawur. Yen ngawur mengko di thuthuk siwur.


Mudo Mudi, cipt. E Larso

Cilik cilik wohe ranti, ijo ijo diunduhi. Eloke jaman saiki duwe, pacar gonta ganti.
Tahu tempe kacang dele, esuk awan bengi sore. Pacar siji ga jamane, mudo mudi kudu dikandani.
*Jiwane mudo mudi, isih gampang emosi. Teler ga tau keri, jarene mergo gengsi. Ben gampang diarani nomer siji.
Mudo mudi kuwi arane, srudak sruduk tumindake. Eman eman yen dirasake, opo panci dek jamane…


Gendulak Gendulik, cipt. Manthou’s

Gendulak gendulik mas, opo sido opo ora. Mbiyen kowe wis janji mas, rino wengi aku ngenteni.
Aku ugo rumongso dik, yo mung kowe sing dadi ati. Nyebar godong koro dik, mbok yo sabar sawetoro
( sabar, nganti kapan? )
( Nggolek gawean e susah! )
Yen nyebar wayah sore mas, wong sabar ono watese. Getuk telo menilo mas, sesuk sesuk ngenteni opo.
Kreneng go wadah jahe dik,wong seneng akeh ragade. Neng pasar tuku pupur dik, yen ra sabar kecebur sumur
*ASku emoh mas, yen suwe suwe. wong bebrayan ra cukup seneng atine
Aku emoh mas yen terus ngene. Yen wurung mumpung isih podo wutuhe.
( ngono wae be wurung ) ( Ben wae! Karepmu! ).
( wurung, wurung aku yo repot! Aku wis entek akeh e… ) ( moso sih! )
( + baleke yo! ) ( apane sih ? )
( baleke modalku ) ( huh! Gombal ! )


( gambar diambil dari site evitamala.com )

0 komentar

Posting Komentar

 

Recent Posts

Blog Archive

Who is Evieter?

Evieta Lovers

Nada-nada Cinta

Mari dukung Evie Tamala untuk terus berkaya dengan hanya membeli kaset / cd / vcd dan atau dvd yang asli, bukan yang bajakan. Evieter